Kamis, 03 September 2015

JINISING UKARA

bahasa jawa kelas 9                                                                           CILACAP 4 SEPTEMBER 2015

JENIS UKARA

miturut isine, ukara kuwi sing baku ana 3 , yaiku ukara carita, ukara pakon , lan ukara pitakon.

1. ukara carita kalimat berita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab utawa sawijining prastawa marang wong liya.

tuladha : 
a. minggu sesuk bapak arep tindak semarang.
b. saben wulan mulud, ing ngayojakarta lan surakarta mesthi ana sekaten.
c. saben wulan sera ing cilacap dianakake sedhekah laut.
d. ing tlatah majenang ana guwa tiban sing endah banget.
e. nalika lesir menyang jakarta, pas tekan nagreg bisku mogok.

2. ukara pakon
ukara pakon utawa kalimat perintah yaiku ukara kang surasane awujud pakon (akon/prentah) marang wong liya supaya nindakake sawijining pakaryan kaya sing dikarepake sing kongkon.wujude ukara pakon warna-warna kayata :

a. pakon lumrah
tuladha:
- awas, sing ngati-ati!
- latare kae sapunen!  

b. pakon pamenging
tuladha :
- kowe ora entuk dolan yen durung sinau!
- bocah sekolah ora pareng ngrokok!

c. pakon ngajak
tuladha :
- sadurunge diwiwiti, ayo padha ndedonga dhisik!
- padha nembang bebarengan yo!

d. pakon panantang 
tuladha :
- yen pancen kendel, turua ing kuburan!
- dolan kana, yen ora wedi di dukani bapak!

e. pakon paminta 
tuladha :
- mbok sesuk kowe dolan nyang omahku!
- ton, tulung tutupen lawang ngarep kae!

3. ukara pitakon
ukara pitakon utawa kalimat tanya yaiku ukara kang isine awujud pitakon, njaluk ngerti bab-bab kang di takokake. ukara iki racake nganggo tembung-tembung pitakon apa, piye, sapa, pira, ing ngendi, lan liyane.
tuladha :
- pak guru basa jawa sing anyar kae asmane sapa tin?
- dalemipun pundi mbak?
- sapa sing ora kepengin munggah kelas?
- lho, Bapak sampun saras ta?
- provinsi jawa tengah iku ibukotane ngendi?   


* MATERI INI DI AMBIL DARI BUKU WIJAYA KUSUMA KELAS 9 
* saya selaku penulis, bila ada tutur kata yang tidak mengenakkan mohon di maafkan.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar